Pambuka Tirakatan Malem 17 Agustus


Salam pambuka,

Kawula nuwun, Bapak-bapak pangembating Praja ingkang kula hormati, saha sadaya warga .................. ingkang minulya, ugi dhumateng para putrna, putramudha-mudhi ingkang kula tresnani. Keparengna ing riki kula badhe matur woten ngarso panjenengan sami, minagka ketua panitya pengetan tanggap warsa Kamardikan RI, ingkang kaping ............... tanggal 17 Agustus 2009
Ingkang sepisan, kula mocapaken puji syukur wonten ing ngarsanipunGusti Allah ingkang murbeng Agesang, dene Panjene nganipun sampun kersa paring kanugrahan dhumateng kita sadaya Bangsa Indonesia, katandha ing dalu punika, kita sampun dipun keparengaken makempal kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami lenggah tirakatan ing malem 17 Agustus punika.
Kaping kalihipun, kula nagaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya warga ................ sampun sami kepareng paring pambyantu punapa kemawon dhateng panitya, murih saged ipun kaleksanaan mahargya pengetan dinten Kamardikan RI ing kang .......... tanggal 17 Agustus 2009





Kados sampun kawuningan dening para rawuh sadaya, bilih rikala tanggal 17 Agstus 1945, kita bangsa Indonesia sampun kasil uwal saking blengguning penjajah, sarta kanthi pangurbanan rah lan waspo ingkang boten sakedhik, para pemimpin kita sampun kasil maosan Teks Proklamasi Kamardikan RI dhateng Saindenging Bawana, saengga sadaya Bangsa ing manca Nagari sami mangertosi, bilih sampun lahir satunggalih Negari enggal ingkang nami Indonesia. Ing dinten benjang enjang tanggal 17 Agustus ........Nagari kita Republik Indonesia jangkep yuswa........tahun.
Awit saking punika ing tirakatan dulu punika, kita sadaya badhe sesarengan lelenggahan seperlu mengeti dinten Kamardikan kita, saha sesarenagan nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang akarya Jagad, mugi-mugi, pengetan tanggap warsa ingkang kaping........ punika mangke saged kaleksanaan kanthi wilujeng, saha sapanginggilipun, Nagari kita Republik Indonesia, pinaringan rahayu widada,nir baya, nir ing sambekala, tebih saking parang muka, pinaringan tata tentrem kerta raharja, saha nayaka pangembate praja, pingga saged manuntun Bangsa kita dumatheng ancasing Revolusi, inggih punika wujuding bebrayan ageng adhil lan makmur sadaya bangsa Indonesia.
Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokaken, pramila kantji mocap .......( miturut kapitadosanipun ), tirakatan dalu punika kawiwitan.
Slejengipun mbok bilih wonten sawetawis kekirangan ingkang saged ndadosaken kirang renaning penggalih mugi kersa paring kathah kiranging atur, kula namung saged nyuwun agunging pang aksami. Ing wasana mugi keparenga handumugekaken lelengg gahan kanthi mardikaning penggalih, sarta panutuping atur............

www.emoseven.blogspot.com

0 komentar:

Poskan Komentar

Apakah Anda mempunyai saran/pertanyaan? Tambah komentar. Jangan spam!

Selamat Datang

Selamat datang di blogger-utilities.blogspot.com - Saya merasa senang apabila sesuatu yang anda butuhkan berada di blog ini. Jangan lupa berkunjung kembali, dan follow blog ini Selengkapnya tentang saya

Sepintas Tentang Yordan Asrori

Nama : Yordan Asrori
Sekolah : SMA N 1 Lendah
Umur : 16 tahun
Hobi : Futsal dan Hanker
Alamat : Sentolo, Kulon Progo, D.I.Y

Info